Posted by: budhisetyawan on: November 29, 2007
EMBUH I
Wengi saya atis
sansaya pepet
mamring
mbatiri ati
gempil
napaki impen kapungkur
kadaluwarsa
kang tansah beksan
sajroning netra
Purworejo, 26 Agustus 1993
KARO AKU
bebarengan sliramu
mecaki dina-dina kebak puspa
lan warna
prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
wewangunan kang awake dhewe gawe sakloron
wis katon endah
sanajan durung ngerti kapan bakal dadi
daksawang netramu
angel anggonku nggoleki pangucapmu
kaya isih kabotan, sliramu
bebarengan ngadhepi dina-dina kang bakal lumaku
Ngayogyakarta, 14 Januari 2001
JANJI SEPI
dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
Stasiun Tugu (Ngayogyakarta), 3 Maret 2001
saestu…
sae tenan puisi2ne panjenengan…
bikin ngiriiiiiiiiiii
puisi kasih yang banyak jangan segini ajah
waraih gawe geguritan yow…
wapek buangeti whuahaha
gawekna aku geguritan senf apek yo….
toLong buatiN aKu geguritan kuno yUa,,,,,,,,,
Desember 6, 2007 pada 10:51 am
keep writing bos