Budhi Setyawan

Geguritan karyaku dimuat di Majalah DAMARJATI edisi 57

Posted by: budhisetyawan on: Januari 9, 2008

SUKMA LELANA GUGAT

 

angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra

sasat tanpa leren ngobahake banyu

iwak gedhe iwak cilik padha gumregah

jumedhul sakdhuwure ombak

ilang swara mlebu ing akasa

 

prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen

kanthi jala lan jaring saka sutra

obor thathit lan lintang

sambung sinambung ing wewangunan jagad

tepake isih katon cetha ing garis tangan

 

prasetya lan prasapa ngumbara

dadi omah urang lan kewan segara liyane

lumaku manut ilining pasir

molah malih njupuk warna cahyaning jaman

wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot

 

angin lagi thawaf

ngubengi kedhaton napas

 

Jakarta, 22 Juni 2001

 

 

(Geguritan di atas dimuat di Majalah Basa Jawa DAMARJATI edisi 57; periode 27 Desember 2007 s.d 9 Januari 2008; cover Bpk. HR Agung Laksono; yang terbit di Jakarta)


 

6 Tanggapan ke "Geguritan karyaku dimuat di Majalah DAMARJATI edisi 57"

wah,,,,sae sabget guritane…… kula tansah nenggo karya-karya panjenengan,,,,,,nuwun…..

matur nuwun mas ferry…

wah mazzz makasih bangetzz lho atas informasi geguritannya
aku dadi isa ngumpulke tugas basa jawa

terima kasih kembali. semoga tugas anda adalah mengenai contoh geguritan, jadi anda mencopy geguritan tsb dan tetap mencantumkan nama saya sebagai pengarangnya.

salam sastra

ciiiippppp…..matur nuwun sanget… guritane uapik!

matur nuwun sanget ugi…..
Yumi punapa ngasta pedamelan wonten pawiyatan?

Tinggalkan Balasan