Budhi Setyawan

Geguritanku dimuat di Majalah DAMARJATI nomor 64 tahun 2008

Posted by: budhisetyawan on: Agustus 18, 2008

PESAKITAN

urip kang abot

ngene kleru, ngono luput

ngetan ora bener

ngulon ora gathuk

meneng salah, obah ora kena

dikungkung

dipingit

dipasung

dikunjara

dirante

dibanda

dirut

diidak

dikurung

dilebur

dijur-jur

diobrak-abrik

diosak-asik

dijuwing-juwing

angen-angene

pepenginane

gegayuhane

kamardikane !

Purworejo, Mei 1993

( Majalah DAMARJATI (Jakarta), nomer 64, Kemis Pon, 15 Mei – 28 Mei 2008 )

3 Tanggapan ke "Geguritanku dimuat di Majalah DAMARJATI nomor 64 tahun 2008"

mistis. aku ya seneng nggawe ukara-ukara jawa. crita cekak uga seneng. ning, ora nduwe kewanen arep ngirim anan public. piye ya?

aku seneng geguritan ingkang panjenengan gawe…uapik twenan!!!!

wah wapik mas.nangeng kulo gadai ide mugi2 saget ditampi.geh meniko ngejak konco2 supoyo jogo lingkungan ingkang dadi panggone bumi su payo,bomi ora mundak panas lan sumok.supados meniko kito galaken ijo royo2

Tinggalkan Balasan