Budhi Setyawan

Geguritanku ing Kalawarti Damarjati No. 71 taun 2008

Posted by: budhisetyawan on: Oktober 4, 2008

NALIKA GUNUNG – GUNUNG NEGES

gunung-gunung kang padha pating jenggeleg

aweh pitakon marang wit-witan ana sawah lan tegalan

wit pari, tela, jagung, kacang padha ora bisa jawab

amarga padha ora ngerti apa makna pitakone gunung

apa sebabe gunung didhuwurke

luwih tinimbang panggonan liyane ing jagad

kepara nganti ngaras langit

pitakonan kang angel dijawab

angin wae ora ngerti

apa maneh sato kewan lan para manungsa

sing bisa mangerti amung barang kang

kasimpen ing dasar bumi, kang ora kasat mripat

tansah anteng lan ajeg

ngangsu banyu ngliwati wot rambut kang dibelah pitu

mbokmanawa gunung-gunung kuwi

kanggo ancik-ancik para satriya

nggoleki sukmane kang mabur

digawa para widadari

Jakarta, pertengahan Maret & 7 April 2001

SUKMA LELANA GUGAT

angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra

sasat tanpa leren ngobahake banyu

iwak gedhe iwak cilik padha gumregah

jumedhul sakdhuwure ombak

ilang swara mlebu ing akasa

prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen

kanthi jala lan jaring saka sutra

obor thathit lan lintang

sambung sinambung ing wewangunan jagad

tepake isih katon cetha ing garis tangan

prasetya lan prasapa ngumbara

dadi omah urang lan kewan segara liyane

lumaku manut ilining pasir

molah malih njupuk warna cahyaning jaman

wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot

angin lagi thawaf

ngubengi kedhaton napas

Jakarta, 22 Juni 2001

(sumber: Kalawarti Umum Basa Jawa DAMARJATI Nomer 71 Taun ka-IV; Kemis Wage 18 September – Rebo Legi 15 Oktober 2008. Email redaksi: damar1964@yahoo.com)

31 Tanggapan ke "Geguritanku ing Kalawarti Damarjati No. 71 taun 2008"

Kulo salut kalian panjenengan mas,,
puisinipun apik temenan!!

matur nuwun sanget Isha. (nuwun sewu, mbak punapa mas nggih? kuwatos lepat kula)

salam taklim.

bagus sekali geguritannya. bahasa djawanya juga luwes.

terima kasih nadys. saya masih belajar menulis geguritan. kebanyakan hanya berdasarkan ingatan sekedarnya yang masih tersimpan di benak saya.

salam….

keren……..
aku kuliah neng basa Jawa,nanging gawe geguritan wae ora bisa..payah..

keleresan, panjenengan mampir blog kula.

malah kula nyuwun pamrayoga (kritik) panjenengan mas Rizal. amrih seratan geguritan kula saged langkung sae.
panjenengan luwih mangertos babagan ngelmu sastra jawa.

salam taklim.

Mas,aku bangga ada orang plat AA C berkarya…aku seneng juga bikin puisi pernah dl sekali waktu SMP puisi2ku dimuat di Bernas tp sekarang kayaknya dah tumpul bngt imajiku iki…..Pengen bikin puisi lg…makanya ini liat2 di internet…aku juga seneng ma geguritan…yah baca aja….

Met berkarya yo mas..
Hidup Plat AA C
hehehehehhe…

Semoga kau selalu berirama

wah matur nuwun mas Agus. aku ya isih sinau nulis mas. gandheng ana ing ndesa, kerep nganggo basa jawa. iya sak bisaku mas. sethithik2… mlaku thimik2….

salam berirama…..

Maz buatke geguritan donx yang biasa aja hehe………
ada tugaz

maaf belum bisa memenuhi permintaan anda. malah sekarang belum aktif nulis lagi. banyak rutinitas kerjaan kantor.

apik tenan…….

matur nuwun sanget mas Didik.

salam taklim.

salut…salut, angsal nyuwun tips ndamel geguritan?

sumangga panjenengan asring maos geguritan, ukara ingkang dipun anggep sae/endah dipun cathet, pados ukara2 wonten kamus basa jawa.

tebihaken tivi lan hiburan visual. lan sumangga menawi wonten wekdal, sinau nyerat/nulis geguritan.

kedah sabar lan telaten.

matur nuwun.

juan apik tenan niki blog saged damel reverensi kulo

klo mahasiswa bhs jawa

angel sanget pados ingkang kaya mekaten

nice blog gan!!!!!!

matur nuwun sanget mas Mitro.

sugeng ngangsu kawruh basa jawa.

mugi saged tumut ngrembakakaken sastra jawa.

salam taklim.

buagussssssssssssssssssss buangetss geguritan ipun mas

matur nuwun mas wawan.

kula taksih sinau nyerat geguritan. sakpunika malah taksih mandheg. kathah pakaryan kantor….

salam.

Mas tulung gawe geguritan sing isine perkoro kahanan negoro Indonesia isih akeh poro pemimpin sing ora jujur. Kamongko kito kabeh iki kepingin kejujuran iso dilakoni bareng-bareng masyarakat ugo pemimpin. nembah suwun

ing wekdal samangke badhe kula upayakaken nyerat geguritan kados pamrayoga panjenengan, mas Khoir.

salam taklim.

Matur nuwun dhumateng sadaya sadherek ingkang sampun kersa paring pamrayoga. Bab pesenan supados kula ndamel geguritan, dumugi sakpunika kula dereng saged nindakaken. amargi kathah jejibahan saking pedamelan wonten kantor ingkang kedah dipun rampungaken. Mekaten. Nyuwun samodra pangaksama.

top markotop ????????????????

la nyapo kon?

ingkang dipunkersakaken geguritan ingkang kados pundi mas?

kados pundi mas?

mas kulo ngopy geguritan panjenengan kangge lomba moco geguritan (sing lomba putro kulo)
matur nuwun ingkang kathah..

sumangga,
nyuwun dipun kantheni nami kula/pengarang.

matur nuwun.

sae sanget, ananging panjenengan saget mboten ndamel geguritan ingkang judule albert einstein. amargi kula pengin banget menika….

nuwun sewu, kawula taksih mandheg, dereng nyerat geguritan malih.
radi ribet pakaryan, mekaten.

. Mas trims, krn ada blog ini q bisa mmbuat tgs b.jawa,,,, karyanya jg bagus2 moga2 terus berkarya y mas,

terimakasih banyak……….

terima kasih kembali. silakan dipergunakan tulisan2 di sini dengan baik dan bertanggung jawab. kalau yang pengetahuan saja, silakan dicopy isi kolom tersebut. namun kalau yang dicopy adalah geguritan karya saya, mohon cantumkan nama saya sebagai pengarang geguritan itu. Demikian, semoga pembaca memaklumi adanya. salam kreatif.

Tinggalkan Balasan