Iki ana saperangan kawruh basa jawa bab pentil, yaiku bakal woh. Sakdurunge wujud dadi pentil, biasane sinebut kembang.
- pentil asem jenenge: cempaluk
- pentil jagung jenenge: janten
- pentil jambe jenenge: bleber
- pentil jambu jenenge: karuk
- pentil kacang jenenge: besengut
- pentil krambil jenenge: bluluk, cengkir
- pentil manggis jenenge: blibar
- pentil nangka jenenge: babal
- pentil pelem jenenge: pencit
- pentil randhu jenenge: plencing
- pentil semangka jenenge: plonco
- pentil so/mlinjo jenenge: kroto
- pentil timun jenenge: serit
(kapethik saka buku MUMPUNI BASA JAWI PEPAK, penyusun Suryo Subroto – M Abi Tofani, Penerbit Pustaka Agung Harapan, Surabaya)
kaya wis lali piwulang kang satemene kudu tetep diuri-uri, maturnuwun
Menawi boten dipun uri-uri , saya dangu sangsaya kesupen lan wekasanipun ical. Pramila bangsa Jawi kedah miwiti budaya nyathet sanajanta boten pepak.
pentil pelem ana uga sing ngarani kruntil.
duh sedaya rencang engkang saget sabiantu kulo,kulo nggadahi panuwun mugi wonten engkang kersa bantu buku-buku waosan jawi,kagem anak-anak didik kulo,kulo mandekaken Radio komunitas saperlu damel nggesangaken lan nguri-uri budaya jawi kagem anak-anak Sd,…saking kulo Radio Komunitas Lintas merapi Klaten jawa tengah
mbah putri mbah kakung taksih emut mboten nami nami meniko. matur nuwun mas Budi kulo dipun emutaken malih
kulo aturi pinarak : http://www.facebook.com/groups/168744611758/.
mangga pun ramekaken sesarengan
nderek bingah tasih wonten ingkang nguri uri yen mboten wonten bakal ical tentunipun nuwun